Sabtu, 22 Mac 2008

Buku Sastra Jowo

Buku Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, susunan Prof Dr J.J. Ras [wong Belondo tapi iso ngomong Jowo! Malah pernah ngajar boso Jowo nang Universiti Malaya]. Angel arek nemu buku koyok kuwi sa iki. Aku tuku nang ngede buku Mutiara Ilmu, Jalan Pahang Barat, Kuala Lumpur. Wis amoh bukune, wis mambu apek, tapi njerone ijik apik, ijik keneng diboco. Kabeh cerito-cerito / sastra Jowo. Boso Jowone pun 'klasik' bangeti, akeh sing aku orak paham.

Pantun nang ngisor iki aku jikok seko buku kuwi. Jarane ditulis tahun 1974. Wis suwi tenan nik koyok ngono. Yok, podo-podo kito alusi maksud pantun iki.


Parikan, An. Hamin Ms.

Tuku jarit nang pasar Turi,
Murah regane maremke ati,
Dadi murid kudu ngajeni,
Marang guru aja sok wani.

Lunga Bengkulu tuku perkutut,
Sing ngati-ati dalane gawat,
Dawuhe guru kudu diturut,
supaya ngelmune bisa manfaat.

Lunga ngarit nang kulon kali,
sangua senik wadahe sega,
Dadi murid kudu ngulina,
tumindak becik laku utama.

Ungsum tikus kudu diracun,
cara gropyokan kudu disengkut,
Karo kancane kudu sing rukun,
aja tukaran drengki lan kasud.

An. Hamin Ms
[Parikesit No. 80, Juli 1974]



Mengko-mengko aku kongsi maneh cerito-cerito nang njero buku kuwi. Insya-Allah.

28 Ulasan:

Blogger Sastri berkata...

kagum jugak dengan wong Belanda ni, yang begitu tere berboso Jowo... dan malu jugak kerana saya orak iso ngomong Jowo fluently sekarang sedangkan semasa kecil itu merupakan bahasa pertuturan... isk isk...

Sabtu, Mac 22, 2008 4:18:00 PTG  
Blogger lassadad berkata...

hmmm
sampeyan saiki dadi kolektor buku kuno?
yen neng solo + jogja enek pasar buku tuwo
unik2

Sabtu, Mac 22, 2008 9:32:00 PTG  
Blogger roshaizul berkata...

mak jowo, bapak ei pun jowo. tapi aku tak brapa pandai nak cakap jawa...... :-(

Ahad, Mac 23, 2008 6:04:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

Sas,
Kuwilah. Wong putih pun iso ngomong Jowo, nik wong Jowo dewek orak iso, isin ah... :D


Luthfi,
A'ah. Buku baru pun aya sada kumpul juga. Karya penulis Indonesia tajam-tajam ya...

O, boleh kirim nggak? :D


roshaizul,
Belajarlah sikit-sikit. Lama-lama, insya-Allah kalau tak pandai banyak pun, pandai sikit-sikit oklah. :)

Selasa, Mac 25, 2008 3:03:00 PTG  
Blogger Lily Abdullah berkata...

Salam Purp,
Kakak tamak ilmu ini sedang cuba mempelajari. Masa sering cemburu padanya. Yang dia faham hanya "kabare" dan itu aje kut.

Rabu, Mac 26, 2008 12:03:00 PG  
Blogger Cik Keju berkata...

uish.. lek aku mesti kesel arek boco buku jowo koyo kuwi. boco alonĀ² koyo 'mengeja' ABC. ekekek...

*alonĀ² angger kelakon kan kang.. ;)

Rabu, Mac 26, 2008 8:47:00 PG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

Kak WL,
Waalaikumusalam.

Kalau ada keinginan untuk belajar, itupun sudah satu niat yang murni. :)

Kalau nak belajar, saya sedia membantu seadanya... Tanpa sebarang pengeras, percayalah...:D


Cikin,
Aku pun boco sitik-sitik wae. Akeh sing aku ora paham. Boso Jowone lain banget. Boso alus agak'e. Wis koyok kitab Jowo arwah ya'ieku wae.

:D

Rabu, Mac 26, 2008 5:22:00 PTG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

Eneng ngarit mbarang neng pantune kuwi. Kelengan nyong moso neng kampong mbiyen. Kawet bocah, makku ngarit rompot gerentengan nggo mangan kambing. Nyong wes rodok gedi yo nolongi bareng-bareng. Sak iki kambing wes entek, orak ono. Kandange pon wes ambrok. Lah makku pon wes ninggal suwi. Seng eneng yo kilingan seng mbiyen-biyen. Yok ngarit!...
~Wongnom

Jumaat, Mac 28, 2008 5:28:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

wongenom,
Pantun Jowo asli kuwi.

Aku orak pernah ngarit. Belo ayam yo orak payah ngarit. Nik lembu iso nggolek rumput dewek. Hehehe!

Kuwilah. Nek dieleng-eleng cerito jaman mbien, jaman kito cilik-cilik, sedih dadine....

Khamis, April 03, 2008 5:35:00 PTG  
Blogger Unknown berkata...

sastera melayu pun aku susah nak paham iki wae buku sostro jowo.. wes modar aku orak reti

Khamis, April 17, 2008 2:00:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

penoreh getah,
Aku tuku buku kuwi ngawe simpenan wae. Akeh seng aku ora paham.... Klasik temenan bosone :D

Khamis, April 17, 2008 2:37:00 PTG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

Aduh kok enak iso nulis jowo neng web yo.. aku baru ketemu dino iki. Penak tenan... jarang2 ngomong jowo isin sebab pe ngomong sitik wes ilang vocubalary jowo. nulis enak keno iling2 ke. Aku lungo KL bulan lepas dan nukoni buku mistik dan makrifat Sunan Kalijaga tulisan Ahmad Chodjim, best kok, boso jowo kuno seng aku dak paham tapi ono translate. Anak2 jowo patut boco buku ki, kito arus netini susus galur wong jowo ki. Roso ne lain kok, kito arus bangga dadi anak wong jowo.

Jumaat, April 18, 2008 1:36:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

azlynne,
Salam. Kesuwun mampir nang kene.

Bohoso Jowoku ora apik bangeti. Isolah ngomong Jowo sitik-sitik. Wis campur-campur, maklumlah wis suwi manggon nang KL. :D

Nik lapang mampir-mampirlah meneh yo. Ojo kapok. :D

Jumaat, April 18, 2008 4:56:00 PTG  
Blogger azie berkata...

i selalu belajar cakap jawa dengan kazen i yg umur 6 and 12 thn tuh..vocabnya sgt bagus..

Ahad, April 20, 2008 11:01:00 PG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

azie
Wah! 6 tahun dan 12 tahun, pandai cakap Jawa. Kagum!

Rabu, April 23, 2008 2:34:00 PTG  
Blogger ILA berkata...

Aduiii!!!nyong terus ngokor endas seng orak gatel..hehehehe

Isnin, April 28, 2008 1:57:00 PTG  
Blogger KAMATO berkata...

pelik jugak yo...piyeh wong belondo iso ngajar boso jowo....

Jumaat, Mei 02, 2008 2:02:00 PG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

Mas Jowo Pinter a.k.a. Black Purple, ndherek nepangaken. Kulo wong Jowo ingkang nembe teko ing Malaysia, sambung sekolah di Universiti Malaysia Pahang.

Sabtu, Mei 03, 2008 12:39:00 PG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

Ila,
Nik endas ora gatel ora payah dikeruk Ila...


kamato,
Ora pelik kang. Nik belajar iso suei-suwi iso....


nayantaka,
Aku ora paham bangeti opo sing kue tulis kuwi mas. Boso Jowoku ora apik bangeti.

O, Sa iki nang Pahanglah iki yo...

Sabtu, Mei 03, 2008 3:49:00 PTG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

Kulonwon, nyong wong jowo segamet. Agek ngguyu dewe'an mboco opo seng ditolis karo wong2 nang kene...egek nang opise seng lanang..lanange wong ngencret..de'e pun gedek2 ndelok nyong ngguyu dewe'an ngarep laptop..nyong kie rasane waris seng pengabisan iso ngomong jowo ..nyong anak bongsu seko mak nyong seng bongsu jugak..anak sedolor kabeh ngomong melayu..nyong karo mak pun ngomong melayu..wes suwi manggon neng adoh2..seko belajar ambek kawin, cuti wae balik segamet..kawin pulak karo wong ngencret..dadine anak pun dak ditoron'e ilmu ngomongjowo kiye..seng lanang tak ajare jugek tapi karo nglakar2..ngosik de'e..tauke taska seng jogo anak nyong wong jowo perak..da'e seneng jugek ngeto'e ngomong jowo..tapi nyong orak tahan ..selalu ngguyu kuat angger de'e ngomong jowo..
wes dowo omongane..ngko lain kali nyong teko meneh...

Rabu, Mei 14, 2008 4:42:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

siti,
Kesuwun mampir kene.

Nik ijek iso ngomong Jowo yo wis syukur. Akeh bocah-bocah sa iki wong tuone Jowo tapi ora iso ngomong Jowo langsung.

Aku mbien cilik-cilik nang Muar, manggon karo yaie, mulane kuwi iso ngomong Jowo, tapi sa iki wis suwi manggon KL, boso Jowone pun wis campur2.


:D

Jumaat, Mei 16, 2008 12:40:00 PTG  
Blogger artsoul berkata...

saya susah nak faham...huhuhu

salam perkenalan...

Isnin, Jun 23, 2008 7:17:00 PTG  
Blogger chinta berkata...

pertama kali menyinggah ke sini...tak sangka ada blog dlm jawa....so impress with other bloggers who commented in jawa and the credits go to you too!

i am jawa myself tapi tak reti ckp jawa...it is a shame...

nice to know this blog and your other blog too....

Jumaat, Jun 27, 2008 11:29:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

artsoul,
Salam. Terima kasih singgah walaupun tak faham. :D


chinta,
Terima kasih sudi singgah sini.

Tak apa. Boleh belajar sikit-sikit dulu. :)

Isnin, Julai 07, 2008 5:41:00 PTG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

Assalamualaikum Jowopinter...
Wes suwi orak merene..iki ngendangi kuwe. Waras yo? Kepiye sa'iki kuwe, isek gaduhan karo mambange ke? Gaduh sitik2 bioso la. Ngesok nak wes nikah baru kuwe reti koyo kepiye gaduhe.. waduh! Kok wes suwi temenan kuwe ora ngapdet neng kene.. Sebok mbanget yo? Yo la wong sugih memange koyok ngono.. Orak opola, asalke ayem atine.. Temu meneh yo...

~Wongnom

Jumaat, Julai 11, 2008 3:28:00 PTG  
Blogger affendik? berkata...

adus kang jowopinter...isin aku dgn kue
aku nih orak iso ngomong jowo.. bapak aku jowo, mak pulak pantai timur..
so, due2 pun xdpt.

p/s: tau x katne jual buku belajar bhs jawa?

Khamis, Julai 31, 2008 7:22:00 PG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

wongnom,
Waalaikumusalam. Waras, alhamdulillah.

Wis apik.

Aku kesel bangeti, awak'e karo otak'e. Kuwi seng senyep wae. Kue pun podo. Wis dhadi novelis, senyep wae. :)

Mengko-mengkolah nik ora males, aku 'update.' Insya-Allah.

:D


affendiks,
Ora opo. Belajar sitik-sitik. Mengko suwi2 yo iso.

Cuba klik di pautan, di lajur sisi blog ini, ada laman-laman forum dan tentang Bah. Jawa.

Jumaat, Ogos 01, 2008 4:13:00 PTG  
Blogger mohdhaslanr berkata...

wahh akeh jugak iso ngomong jowo nang kenei...aku iso ngomong sitik sitik wae

Isnin, Ogos 25, 2008 1:14:00 PTG  

Catat Ulasan

Langgan Catat Ulasan [Atom]

<< Laman utama