Sabtu, 2007 Disember 01

Pantun Jowo

Wes suwi jugak aku orak nolis nang kene. Senyep wes telung minggu. Sampek mas Wongenom [seng nggarang & pinter nolis sajak kuwi] wes nakoni aku, kenopo aku wes suwi orak nolis nang
kene. He he he.

Mau isuk, tangi turu, sak urunge adus, aku sempet bukak 'notebook' terus ngawe pantun. Nek orak nggenah pantune, kasar bosone, njaluk ngapurolah yo. Maklumlah pantun 'ekspress'.


Mas Wongenom kerep merene
Dhadi koncoku sampek sak iki
Rasuah nang kono rasuah nang kene
Opo arek dhadi Malaysiaku iki

Melaku-melaku nang Parit Botak
Mampir diluk omah Wak Sarip
Menteri ngomong rak nganggo otak
Ngapusi rakyat urip-urip

Nyilih motor bojo Wak Wageh
Lungo mbandar ngepos surat
'Yang Berhormat' semakin sugeh
Rakyat susah dibenke melarat

Yaie lanang nang kebon cino
Mancah semak ngumpul belarak
Islam Hadhari dilaung saban dhino
Ngomonge waey ngamale orak

19 Ulasan:

Blogger Sastri berkata...

fuyyooo... tangi turu direct bukak laptop yoo... ideas come like waterfall is it? njalok ngapuro laaa sas mix boso ney... wes suwi orak ngomong jowo, a lot wes forgot... :p

Sabtu, Disember 01, 2007 3:09:00 PM  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

Ilham teko orak kiro mosone. :D

Kuwi wes koyok boso rojak petis Muar kuwi. Boso Jowo + boso Mbelayu + boso wong putih. Isk! Isk! Isk!

:p

Sabtu, Disember 01, 2007 3:15:00 PM  
Anonymous wongnom berkata...

Assalamualaikum,
Nyong sukak mbangeti karo pantun kuwi. Memang tenan opo seng kuwe ngomong.

Nomone waey imam,
Tapi nggolek bojonan mualap orak iso ngenggo kodongan. Cangkeme ngomong koyo pande mbanget ilmu Islame, tapi bjone karo anak'e podo waey. Menantune meneh, ngomong wong koyok berok, ndeay kaey seng berok gedi. Mboh la.

Isnin, Disember 03, 2007 9:47:00 PM  
Blogger cikin berkata...

dolan neng kene diluk.

kepiye iso golek pantun koyo ngono yo? aku arek ngomong pun susah.. arek pantun, double susah. heheh..

Selasa, Disember 04, 2007 3:18:00 PM  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

Wongnom,
Waalaikumussalam warohmatullah,

Kuwilah. Nek ngomong waey orak dilakoni, bocah cilikpun iso nek koyok ngono.

Ben ilmune sitik tapi ngamale akeh. Istikamah. Ojo ilmune waey seng akeh, ngomong koyok ndiea waey seng bener wong lain kabeh orak reti, tapi ngamale orak. Sio-sio urip nek koyok ngono. Meneh nek wes dhadi pemimpin. Akeh tanggungjawape. Kuwi seng disoal 'nang kono' mengko.


Cikin,
Arek mampir suwi-suwi pun keno cikin. :D

Kuwipun suwi jugak arek siapne pantun kuwi. Patang jam agek siap kuwi. He he he.

Selasa, Disember 04, 2007 4:30:00 PM  
Blogger sitinurulhawa berkata...

nek melaku melaku nang parit botak mampir omahku!

Rabu, Disember 05, 2007 2:35:00 PM  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

nderek mampir..

tamim
http://kawruhjawi.wordpress.com

Khamis, Disember 06, 2007 12:38:00 PM  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

sitinurulhawa,
O, kuey manggon nang Parit Botak yo? Wes suwi tenan orak ngeliwati kono. :D


tamin,
Mengko nek sempet, aku mampir nang enggonmu yo. Kesuwon, mampir kene.

Khamis, Disember 06, 2007 2:22:00 PM  
Anonymous wongnom berkata...

Assalamualaikum,

Mampir merene arek ngeteh karo kuwe. Lho sebok pulak'eay! Esek nandor kembang karo pokok kayu ke udhan-udhan koyok ngene? Opo kesah orak, janji duite melebu.

Tangi turu teros raup,
Ngombe kopi mangan getuk;
Eleng-eleng isek urip,
Ojo nggawe kerjo terkutuk.

Saje waey arek ngetes mantun pulak.

Sabtu, Disember 08, 2007 4:38:00 PM  
Anonymous ayumkay berkata...

salam.

waaaahhh podo pinter nulis pantun jowo. tahniah!

ono meneng seng arek ditulis tapi orak reti piye arek luahkan.. rok opolah yo sek sok mampir meneng.

gabeh waras yo :)

Isnin, Disember 10, 2007 2:05:00 PM  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

wongenom,
Waalaikumussalam,

Udan-udan ki ngawe kerjanan lain pulak mas. Masang paip, ngawe pelan, nyiapne kertas kerjo pulak. Janji ono duit melebu, nek orak ono seng melebu, orak mangan mengko. He he he.

Wah! Apik tenan pantunmu kuwi mas. Nek dilebokne njero koran pun apik kuwi. [Opo gelem opo rak koran BH / MM nyiarne pantun Jowo yo? :D]


ayumkay,
Waalaikumussalam,

Sekali-sekali pantunanlah pulak. :D

Nek koyok ngono, iyolah. Ojo lali mampir kene maneh yo.

Alhamdulillah, waras sak warase. :)

Isnin, Disember 10, 2007 5:54:00 PM  
Blogger AtiQah berkata...

salam..
iki first time aku merene..
kek mbien kerungu enek blog ki, tapi baru saiki sempet merene..
tahniah la yo wak...hehe

Rabu, Disember 12, 2007 1:44:00 AM  
Anonymous caknonomalangasli berkata...

Lek ndhik kene diarani Parikan...
Rodok bedo karo pantune Melayu, biasane yo dilagokno...heheheh

Mampir maneh nang

http://bambangpriantono.multiply.com

Matur nuwun

Jumaat, Disember 14, 2007 6:13:00 PM  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

atiqah
Waalaikumusalam,

Kesuwon, mengko mampir maneh yo. :)


caknonomalangasli
Salam mas,

Orak paham bangeti opo seng kue ngomong kuwi. Boso Jowoku orak duur. He he he.

Aku wis mampir nang blogmu. Apik tenan blogmu yo... :D

Isnin, Disember 17, 2007 12:36:00 PM  
Anonymous wongnom berkata...

Assalamualaikum,
Wes turu urong? Ngesok royo kaji. Akeh korbane neng kampongmu kono yo? Nyong orak balik kampong. Neng kene waey nyong royo.

Royo kaji bodho royo,
Ojo lali nyembeleh korban;
Urip neng dunio nggolek syurgo,
Nggawe kebajikan yo temenan.

*Lagune kuwi kok sedep temen to..

Khamis, Disember 20, 2007 12:40:00 AM  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

wongenom,
Waalaikumusalam,

Akeh jugak wong kampungku seng korbanan. Kabeh korbanan lembu, ono la patang-limang ekor. Alhamdulillah.

Wah apik tenan pantunmu kuwi... :)

* Lagu Jowo nek dirungukne saban dhino yo dhadi 'enak'... :D

Rabu, Disember 26, 2007 11:51:00 AM  
Anonymous wongnom berkata...

Assalamualaikum,

Entek taun iki. Pirang-pirang masalah dunio orak entek-entek. Eneng wong merepek mboh opo-opo; wong luar negoro seng mati kepaten karo rusuhan, dikaitne karo neng negoro dewek. Nyong wes ngagak kawet wong wedhok kaey kepaten. Mesti eneng wong merepek. Mboh opo-opo la wong kaey. Orak wes-wes arek nyekel kuoso, lepas kuwi ngewedikne wong lain. Koyo la kito iki goblog mbanget.

Moso banjir kaey ndeay penak-penak nunggang bot ndelok kampong seng keneng banjir. Lepase kuwi gambaran moso salaman, konone ngambil berat la... Walah...

Isnin, Disember 31, 2007 8:21:00 AM  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

Wongenom,
Waalaikumussalam

Embohlah mas. Dunio wes nyanyuk. Wonge pun milu nyanyok. Koyok ngonolah.

Mau bengi, aku ndorong2 nang ngomah, ndelok tv, nang TV siji ketok imam gedi Islam Hadhari kuwi. Ngomong waey negoro Islam tapi kok nyambut taun baru pesta-pestaan, konsert-konsertan, sukak-sukak'an. Kan apik ngawe solat hajat, tahlilan nang mejid. Mejid waey gedi, apik, mewah tapi digawe perhiasan waey.

Embuhlah....

Embuhlah mas.

Selasa, Januari 01, 2008 6:32:00 PM  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

salam...kabare kang! kok wes suwi orak diupdate kang? enek sopo2 seko ranggem opo rak?

seng bener,
opoiki.ikiopo@gmail.com

Khamis, Julai 31, 2008 12:04:00 AM  

Catat Ulasan

Langgan Catat Ulasan [Atom]

Pautan pada catatan ini:

Buat Pautan

<< Laman utama