Selasa, 1 Januari 2008

SELAMET 2008!

1. Siji


Aku tuku kalender kuwi nang Parit Jowo. Eneng penanggalan wong putih + wong Jowo + Islam. Apik tenan. Regone RM3.50 waey. Nang ngisore eneng waktu solat kawasan Njohor.

-----------------

2. Loro

Bocah seng jenenge Cikin kuwi 'ngetag’ aku maneh.

Limang barang nang njero beg cangkelongku
[1] Laptop Dell [2]Kamera digital Nikon Coolpix [3]Pil loro weteng Chi Kit Teck Aun [4]Cermin moto ireng Rayban polarized [5]Kunci; pejabat, omah, kereto

Limang barang nang njero dompetku
[1] Duit kertas seringgit [2] Duit kertas sepuluh ringgit [3]Duit kertas limang ringgit [4] Duit kertas limang puluh ringgit [5]Setem telung puluh sen

Limang barang seng aku sukak nang njero bilik turuku
[1]Kemul [2]Buku-buku [3]Air cond [4]Bantal [5]Minyak wangi Polo blue

Limang perkoro seng aku sukak lakoni
[1]Mboco blog konco-konco [2]Balik kampung [3]Mboco buku cerito, mboco koran [Harakah, Suara Keadilan] [4]Mangan penganan Melayu / Jowo [5]Turu

Limang perkoro seng aku tengah lakoni sa iki
[1]Njagong ngarep laptop [2]Ngeruk dengkul [3]Ngerungokne lagu [4]Ngguyu dewek’an [5]Gosok-gosok weteng

Limang wong seng aku arek ‘tag’
[1]Wak Paiman [2]Roni anak wak Jikan [3]Kuntet anak wak Nik [4]Herman Tino [5]Hj Misbun Hj Sidek

12 Ulasan:

Blogger Sastri berkata...

gosok2 weteng? :p

apik tenan kalendar iku...

Rabu, Januari 02, 2008 3:19:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

david santos,
Happy New Year to you too!


Sas,
Wetenge lueh. :p

Taun iki tuku nang Pt Jowo. Taun seng mbien tuku nang Banting. :D

Khamis, Januari 03, 2008 1:31:00 PTG  
Blogger lassadad berkata...

blog sampeyan saya link ulas di sini
http://luthfi.web.id/2008/01/09/java-blog/
selamat tahun baru hijriyah :D

Khamis, Januari 10, 2008 11:51:00 PTG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

wah, podho wong jowone bakne, salam kenal Pak..

Jumaat, Januari 11, 2008 3:26:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

Luthfi,
Terima kasih mas.

Saya sudah membaca dan mengulasnya. Terima kasih keana menenalkan blog ini di blog mas. :)


nurussadad,
Salam kenal. :)

Sabtu, Januari 12, 2008 6:19:00 PTG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

ngirim kambek bakyu ne kon tuku kelender koyo ngono .. takpi bak yu kelalen.... bulan ngarep ngirim kambek sapianne...

payah ora enek bendo iki....

dino jumaat keliwon ne ketinggalan

Isnin, Januari 14, 2008 8:20:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

abang Tam,
Kuwilah. Aku nek arek tuku kelender koyok kuwi pun nang Parit Jowo. Nang kene [Selangor / KL] nek arek tuku nggolek nang Banting kono. Males arek merono.

Aku orak reti bangeti penangggalan Jowo kuwi. Jemuah Keliwon kuwi setaun sekali waey yo?

Selasa, Januari 15, 2008 12:40:00 PTG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

Sugeng tanggap warso enggal Kang!
1 Suro 1941 Jowo

Wah elokmen tanggalane, aku dikirimi yo gelem kang.....

Khamis, Januari 17, 2008 8:32:00 PG  
Anonymous Tanpa Nama berkata...

Assalamualaikum,
Wetenge luweh. Yuk ngeteh. Mbiyen aruwahe makku orak pernah ketinggalan tuku kalendar jowo kuwi. Sak iki susah arek nemu.

Jumaat, Januari 18, 2008 3:31:00 PG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

ndoro seten,
Tanggalane seng koyok ngono wis entek mas. Mengko nek ijek eneng, aku ngomong karo kue. Kepiye arek ngirimi yo?


wongenom,
Waalaikumussalam.

Ngeteh nang endi toh? :D

Ha'ah. Enggon seng akeh wong Jowo waey eneng ngawe kelender koyok kuwi.

Sabtu, Januari 19, 2008 6:43:00 PTG  
Blogger Cik Keju berkata...

wes suwi orak nyang rene. tag dijawab neng kene rupane..

gosok weteng. ekekeke.. Ngguyu dewek’an aku boco..

Isnin, Januari 28, 2008 12:01:00 PTG  
Blogger blackpurple @ jowopinter berkata...

Cikin,
Gosok weteng sebab lueh... Hehehe!

Rabu, Januari 30, 2008 2:12:00 PTG  

Catat Ulasan

Langgan Catat Ulasan [Atom]

<< Laman utama