Rabu, 20 Februari 2008

Sup Buntut

Keperluan:
1 kg buntut sapi
2½ liter banyu
2 lenjer wortel sing gede
4 iji kentang
1 lenjer godong prei, jupuk ngisore wae
2 lenjer selderij
Bawang putih goreng saak cukupe


Keperluan kanggo bumbu:
4 iji cengkeh
2 iji kapulogo
½ sendok teh polo
½ sendok teh mrico
5 siung bawang putih
2 cm jahe (sak wungkul cilik)
lengo goreng sitik dianggo numis
uyah sak cukupe

Corone Nggawe:
1. Buntut sapi dimasak/digodog ning presto ± 45 menit nganti empuk tenan daginge. Yen wis empuk, jupuk buntut sapi-ne sisihno.

2. Bumbu2 diuleg sing alus, godong prei dirajang alus miring. Selderij rajang alus.

3. Enkrongke wajan isi lengo sitik, tumis bumbu2 mau disik nganti arum & layu, lagi cemplungke daging buntute, wolak walik roto, yen wis ngono cemplungke ning panci buillon daging buntut sing wis ditumis karo bumbu mau.

4. Godog maneh, wortel lan kentang dikatutno pisan. Uyah sak cukupe yen wis empuk lan mateng banjur diangkat.

5. Sajekno panas2 ning mangkok karo di-pyuri selderij lan bawang putih goreng, sego putih, sambel kecap utowo sambel bawang, emping, sing seneng kecut iso dikeceri sitik nganggo jeruk pecel / nipis.


Yok! Nggawe..... Wis kemecer ki....Hehehe!

Sumber : Resep Panganan Boso Jowo soko Mbak Ariane van de Heuvelesep

Sabtu, 2 Februari 2008

Boso Jiwo Bongso

Wis suwi tenan aku orak nolis nang kene. Akeh jugak arek diceritakne nang kene tapi males tenan arek nolis. Hehehe!

Konco-konco siber seng orak jemu-jemu mampir nang kene, ndelok-ndelok, mboco & ngomen, kesuwon yo ! Ono jugak seng kesasar merene… Hehehe! Akeh jugak aku entuk konco baru nang kene. Embuh-embuh dulur…. Hehehe! Ono seng cepak-cepak kene waey, ono seng teko seko adoh. Sing teko seko Indonesia pun akeh. Apik tenan boso Jowone. Ono seng ngomong boso Jowo alus. Aku orak iso boso Jowo alus. Sitik-sitik waey paham. Aku seng retine boso Jowo ‘rojak’ waey. Hehehe!

Ono seng melebu kene arek ngerungokne lagu Jowo. Memang enak ngerungokne lagu Jowo. Arek ngguyu pun ono. Seng orak-orak lagune. Hehehe! Nek rajin nggolek’e nang njero internet, akeh lagu-lagu Jowo seng apik-apik. Tapi seng akeh lagu-lagu Jowo seko Indonesia. Nek lagu Jowo seng seko Malaysia orak akeh, siji loro waey, koyok lagu-lagu Kang Herman Tino kuwi.

Ono seng merene arek belajar ngomong boso Jowo. Ojo isin nik arek belajar ngomong Jowo. Ngomong waey, salah yo orak opo. Suwi-suwi mengko, insyaAllah…... Alon-alon angger klakon. Alhamdulillah, aku mbien cilik-cilik nang kampung, manggon karo yaieku. Kuwi seng iso ngomong Jowo. Sa’iki wis suwi manggon Kuala Lumpur wis jarang bangeti ngomong Jowo. Ngomong Jowo pun nang njero blog iki & forum-forum Jowo seng aku dhadi ahline. Nek orak ngomong Jowo langsung, agak’e suwi-suwi mengko lali sisan / pangkling arek ngomong Jowo. Sayang toh nek dhadi wong Jowo tapi orak iso ngomong Jowo. Hehehe!

Aku mandek nang kene ndisek yo. Ketemu maneh……