Ahad, 12 Ogos 2007

Mukadimah

Assalamualaikum,

Iki nyong ngawe blog Jowo seng baru nganti blog Jowo seng mbien, http://www.jowopinter.neezmo.net/. Nyong wes males arek nolis nang kono meneh. Blog kuwi wes dileboni SETAN-SETAN GONDOL. Celoko tenan setan-setan gondol kuwi!

Akeh tenan komen [boco = spam] seng orak nggenah melebu nang kono. Komen nang entri seng baru-baru nyong sempet tapis. Tapi spam enggon komen-komen seng melebu entri-entri seng mbien-mbien wes 1,200 lebeh. Nyong ben ke waey ndisek. Nyong wes kesel arek delete nek wes akeh koyok ngono. Komen seng nunggu moderation pulak eneng 3,500 lebeh. Saban dhino. Sekali melebu kadang-kadang sampek atusan. Mulai Ogos, nyong wes block kabeh komen-komen seng arek melebu, ben spam setan-setan kuwi orak entuk melebu maneh.

Nek spam cerito-cerito seng apik-apik yo orak opo. Iki orak, kabeh cerito karo link pasal laman 18sx. Pasal kepiye arek ndowokne 'anu'lah, kipeye arek ngedekne 'anu'lah, pasal viagralah, link gambar-gambar wong wedok orak nganggo opo-opolah, emboh opo-opo maneh cerito karo link seng orak nggenah. Pirang-pirang. Astaghfirullah!

Pegel tenan! Pakkal nyong sabar. Nek orak sabar nyong bakar waey blog kuwi. Mengko-mengkolah, nek nyong wes orak males, nyong delete sitik-sitik. Ben resik. Nyong ijek sayang karo blog kuwi.

[Maaf yo konco-konco seng mboco. Tulisan nang nduur kuwi koyok kasar sitik munineā€¦]