Isnin, 15 Disember 2008

Coro-coro ngawe Mi Bandung Muar Ekspress!

Bahan-bahane

1. Rempah mi bandung Wak Rabu. Omahe nang Sri Menanti wae. Cepak karo omah uwong tuo ku. Wong tuo ku manggon nang Parit Taman. Murah wae rego ne. RM2.50 sak paket.

2. Banyu.

3. Endok ayam. Ojo takon aku, endok bebek keneng opo rak, aku orak pernah jajal. He he he!

4. Sos lombok. Sos tometo pun keneng. Nek aku, nganggo sos lombok waey. Aku ora sukak sos tomato, kecut rosone. He he he!.

5. Minyak masak. Minyak masak yo, ojo minyak petrol pulak. He he he!

6. Uyah / Garem alus. Sing kasar pun keneng. Karep mu lah.


7. Daging lembu. Diiris alus-alus nganggo piso. Arek iris nganggo kampak pun keneng. He he he!



Coro arek ngawe.

Penak wae. Bocah cilik pun iso nggawe. Ora percoyo?

1. Panas-ke minyak nang njero kendel. Nik ora eneng kendel, wajan pun keneng. He he he!

2. Lebok-ke banyu. 3-4 cawan waey. Ojo akeh bangeti. Nek kakehan banyu mengko kuahe cair, anyep, ora enak.

3. Lebok-ke perencah mi bandung Wak Rabu.

4. Cemplung-ke daging lembu. Arek lebok ne udang pun keneng. Godok sampek empuk.

5. Cemplung-ke endok ayam. Karep mu-lah arek cemplung-ke pirang biji.

6. Lebok-ke sos lombok / sos tometo.

7. Cemplung-ke uyah sak cukupe..

8. Alhamdulillah, kuah mi bandung wis siap! Haaaa...Percoyo opo rak omong ku? Kan penak bangeti kuwi ngawene.

9. Celur mi kasar.

10. Hidang ke. Nik eneng wedang oren sejuk pun enak. Ojo mangan dewek'an. Ajak konco-konco , tetonggo, dulur sekali. He he he!

11. Lebok-ke kuah nang njero pinggan mi kasar. Arek mangan njero kendel terus pun keneng. He he he!

12. Yuk podo-podo mangan. Boco Bismillah ndisek yo.

13. Erkkk... Warek... Alhamdulillah.