Sabtu, 22 Mac 2008

Buku Sastra Jowo

Buku Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, susunan Prof Dr J.J. Ras [wong Belondo tapi iso ngomong Jowo! Malah pernah ngajar boso Jowo nang Universiti Malaya]. Angel arek nemu buku koyok kuwi sa iki. Aku tuku nang ngede buku Mutiara Ilmu, Jalan Pahang Barat, Kuala Lumpur. Wis amoh bukune, wis mambu apek, tapi njerone ijik apik, ijik keneng diboco. Kabeh cerito-cerito / sastra Jowo. Boso Jowone pun 'klasik' bangeti, akeh sing aku orak paham.

Pantun nang ngisor iki aku jikok seko buku kuwi. Jarane ditulis tahun 1974. Wis suwi tenan nik koyok ngono. Yok, podo-podo kito alusi maksud pantun iki.


Parikan, An. Hamin Ms.

Tuku jarit nang pasar Turi,
Murah regane maremke ati,
Dadi murid kudu ngajeni,
Marang guru aja sok wani.

Lunga Bengkulu tuku perkutut,
Sing ngati-ati dalane gawat,
Dawuhe guru kudu diturut,
supaya ngelmune bisa manfaat.

Lunga ngarit nang kulon kali,
sangua senik wadahe sega,
Dadi murid kudu ngulina,
tumindak becik laku utama.

Ungsum tikus kudu diracun,
cara gropyokan kudu disengkut,
Karo kancane kudu sing rukun,
aja tukaran drengki lan kasud.

An. Hamin Ms
[Parikesit No. 80, Juli 1974]



Mengko-mengko aku kongsi maneh cerito-cerito nang njero buku kuwi. Insya-Allah.