Sabtu, 1 Disember 2007

Pantun Jowo

Wes suwi jugak aku orak nolis nang kene. Senyep wes telung minggu. Sampek mas Wongenom [seng nggarang & pinter nolis sajak kuwi] wes nakoni aku, kenopo aku wes suwi orak nolis nang
kene. He he he.

Mau isuk, tangi turu, sak urunge adus, aku sempet bukak 'notebook' terus ngawe pantun. Nek orak nggenah pantune, kasar bosone, njaluk ngapurolah yo. Maklumlah pantun 'ekspress'.


Mas Wongenom kerep merene
Dhadi koncoku sampek sak iki
Rasuah nang kono rasuah nang kene
Opo arek dhadi Malaysiaku iki

Melaku-melaku nang Parit Botak
Mampir diluk omah Wak Sarip
Menteri ngomong rak nganggo otak
Ngapusi rakyat urip-urip

Nyilih motor bojo Wak Wageh
Lungo mbandar ngepos surat
'Yang Berhormat' semakin sugeh
Rakyat susah dibenke melarat

Yaie lanang nang kebon cino
Mancah semak ngumpul belarak
Islam Hadhari dilaung saban dhino
Ngomonge waey ngamale orak